Surat Maryam — Mary
Surat Maryam (Mary) — 19/114 · 98 ayat. Waca lan rungokake nganggo teks Arab lan terjemahan basa Jawa.
كٓهيعٓصٓ
Kaaf Haa Yaa 'Aiin Shaad
Ayah 1ذِكۡرُ رَحۡمَتِ رَبِّكَ عَبۡدَهُۥ زَكَرِيَّآ
(Dene kang sira waca iki Muhammad), nyaritakake rahmate Pangeranira kang kaparingake marang kawulane, yaiku Nabi Zakariya
Ayah 2إِذۡ نَادَىٰ رَبَّهُۥ نِدَآءً خَفِيࣰّ ا
Nalika dheweke (Zkariya) ngedonga mrang Pangerane kalawan pandonga kang disidemake
Ayah 3قَالَ رَبِّ إِنِّي وَهَنَ ٱلۡعَظۡمُ مِنِّي وَٱشۡتَعَلَ ٱلرَّأۡسُ شَيۡبࣰ ا وَلَمۡ أَكُنۢ بِدُعَآئِكَ رَبِّ شَقِيࣰّ ا
Unjkke, "Dhuh Pangeran kwula, kawula punika sampun sepuh, balung kula sampun ringkih, sira kula sampun mabluk uwanipun, namung senajana makaten kawula boten cilaka kalayan ndodonga Panjenengan punika dhuh Pangeran kawula
Ayah 4وَإِنِّي خِفۡتُ ٱلۡمَوَٰلِيَ مِن وَرَآءِي وَكَانَتِ ٱمۡرَأَتِي عَاقِرࣰ ا فَهَبۡ لِي مِن لَّدُنكَ وَلِيࣰّ ا
Sarta saestunipun kawula kuwatos dhateng ahli waris kawula (ajrih boten leres anggenipun nyepeng khilafah) sapengker kawula, ing mangka simah kawula punika gabug. Jalaran saking punika, muga Panjenengan paring dhateng kawula sesulih (anak ingkang karidhan) saking ngarsa Panjenengan
Ayah 5يَرِثُنِي وَيَرِثُ مِنۡ ءَالِ يَعۡقُوبَۖ وَٱجۡعَلۡهُ رَبِّ رَضِيࣰّ ا
Anak kala wau ingkang badhe nampi warisan saking kawula tuwin saking kulawarga Ya'qub, sarta mugi Panjenengan dadosaken lare ingkang pikantuk karidhan Panjenengan, dhuh Pangeran kwula
Ayah 6يَٰزَكَرِيَّآ إِنَّا نُبَشِّرُكَ بِغُلَٰمٍ ٱسۡمُهُۥ يَحۡيَىٰ لَمۡ نَجۡعَل لَّهُۥ مِن قَبۡلُ سَمِيࣰّ ا
(Dhawuhe Allah), "He Zakariya, satemene Ingsun paring pawarta bungah marang sira bakal keparingan anak aran Yahya. Sadurunge iku, ora ana wong siji - sijiya kang Ingsun paringi jeneng kaya mangkono
Ayah 7قَالَ رَبِّ أَنَّىٰ يَكُونُ لِي غُلَٰمࣱ وَكَانَتِ ٱمۡرَأَتِي عَاقِرࣰ ا وَقَدۡ بَلَغۡتُ مِنَ ٱلۡكِبَرِ عِتِيࣰّ ا
Nabi Zakariya munjuk, "Dhuh Pangeran kawula. Kados pundi kawula badhe gadhah anak, ing mangka semah kawula punika gabug, tuwin kawula sampun sepuh banget
Ayah 8قَالَ كَذَٰلِكَ قَالَ رَبُّكَ هُوَ عَلَيَّ هَيِّنࣱ وَقَدۡ خَلَقۡتُكَ مِن قَبۡلُ وَلَمۡ تَكُ شَيۡـࣰٔ ا
Allah paring pangandika minangka wangsulan marang Nabi Zakariya, "Mula bener mengkono. Pangeranmu wis dhawuh, "Perkara iku gampang utumrap Ingsun, lan satemene Ingsun wis nitahake sira sadurunge Yahya, sarta sira uga durung dadi apa - apa (Pangeranmu iya kuwasa)
Ayah 9قَالَ رَبِّ ٱجۡعَل لِّيٓ ءَايَةࣰۖ قَالَ ءَايَتُكَ أَلَّا تُكَلِّمَ ٱلنَّاسَ ثَلَٰثَ لَيَالࣲ سَوِيࣰّ ا
Nabi Zakariya matur, "Dhuh Pangeran kawula, mugi panjenengan paring tetenger dhateng kawula". Pangandikane Allah, "Iya, tandha yekti sira bakal duwe anak lanang mengkene: sajrone telung dina telung bengi, sira aja caturan karo manungsa, tur kowe ora lara apa - apa (ora bisu)
Ayah 10فَخَرَجَ عَلَىٰ قَوۡمِهِۦ مِنَ ٱلۡمِحۡرَابِ فَأَوۡحَىٰٓ إِلَيۡهِمۡ أَن سَبِّحُواْ بُكۡرَةࣰ وَعَشِيࣰّ ا
Nabi Zakariya banjur metu saka ing Pangimaman (mikhrab, panggonan anggone munajat), ketemu para kaume. Sarehning ora pareng guneman, mula mung aweh isyarat marang para kaume, "Sira kabeh padha shalata (Maha sucekake marang Allah) saben isuk lan sore
Ayah 11يَٰيَحۡيَىٰ خُذِ ٱلۡكِتَٰبَ بِقُوَّةࣲۖ وَءَاتَيۡنَٰهُ ٱلۡحُكۡمَ صَبِيࣰّ ا
(Ringkese Nabi Zakariya duwe anak lanang sarta banjur dijenengake Yahya). Yahya mau Ingsun junjung dadi Nabi, Ingsun paringi kawicaksana, tur isih bocah. Pangandikaningsun, "He yahya, saiki sira nyekela ('amalna) kitab Taurat klawan temen - temen
Ayah 12وَحَنَانࣰ ا مِّن لَّدُنَّا وَزَكَوٰةࣰۖ وَكَانَ تَقِيࣰّ ا
Lan maneh Nabi Yahya mau Ingsun paringi bebuden welasan marang sepapadhaning manungsa sarta resikan (uga atine), lan dheweje iku wong kang taqwa (wedi, ngabekti) marang Pangerane
Ayah 13وَبَرَّۢا بِوَٰلِدَيۡهِ وَلَمۡ يَكُن جَبَّارًا عَصِيࣰّ ا
Lan samono uga bekti marang wong tuwane loro, apa maneh dheweke iku ora duwe sifat gumedhe sarta ora duraka
Ayah 14وَسَلَٰمٌ عَلَيۡهِ يَوۡمَ وُلِدَ وَيَوۡمَ يَمُوتُ وَيَوۡمَ يُبۡعَثُ حَيࣰّ ا
Nabi yahya mau Ingsun paringi selamet saka sakehing ribet wiwit nalika metu saka ing guwa-garbane keng ibu, lan nalika tumekane janji (sedane) sarta besuk nalikane Ingsun uripake, tangi saka ing pati
Ayah 15وَٱذۡكُرۡ فِي ٱلۡكِتَٰبِ مَرۡيَمَ إِذِ ٱنتَبَذَتۡ مِنۡ أَهۡلِهَا مَكَانࣰ ا شَرۡقِيࣰّ ا
He Muhammad, sira nyritakna lelakone Maryam ana ing kitab (al-Qur'an), nalika dheweke (Maryam) dhelik anenepi (sumungkir) ana ing panggonan sawetane Baitul Muqaddas saka para kawulawargane
Ayah 16فَٱتَّخَذَتۡ مِن دُونِهِمۡ حِجَابࣰ ا فَأَرۡسَلۡنَآ إِلَيۡهَا رُوحَنَا فَتَمَثَّلَ لَهَا بَشَرࣰ ا سَوِيࣰّ ا
Dheweke (Maryam) mau nuli gawe aling - aling, dienggo ngaling - alingi para kawulawargane. Ingsun nuli ngutus Malaikat Jibril supaya nemoni Maryam, sarta tekane Jibril iku nyaru arupa manungsa kang sampurna
Ayah 17قَالَتۡ إِنِّيٓ أَعُوذُ بِٱلرَّحۡمَٰنِ مِنكَ إِن كُنتَ تَقِيࣰّ ا
Maryam banjur matur marang Malaikat Jibril, "Sayektosipun kula nyuwun reksa dhateng Ingkang Maha Welas saking panjenengan, menawi panjenengan bekti dhateng Panjenenganipun Allah, sampun ngantos kenging paggodha jalaran panjenengan
Ayah 18قَالَ إِنَّمَآ أَنَا۠ رَسُولُ رَبِّكِ لِأَهَبَ لَكِ غُلَٰمࣰ ا زَكِيࣰّ ا
(Malaikat Jibril mangsuli), "Sajatosipun kula punika satunggaling Utusanipun Pangeran Panjenengan, supados kula paring satunggaling putra jaler dhateng panjenengan ingkang suci
Ayah 19قَالَتۡ أَنَّىٰ يَكُونُ لِي غُلَٰمࣱ وَلَمۡ يَمۡسَسۡنِي بَشَرࣱ وَلَمۡ أَكُ بَغِيࣰّ ا
Maryam mangsuli matur, "Kados pundi sagedipun kaleksanan kula badhe gadhah anak, ing mangka boten wonten manungsa (bojo) ingkang anggepok kaliyan kula, sarta kula punika sanes tiyang isteri awon
Ayah 20قَالَ كَذَٰلِكِ قَالَ رَبُّكِ هُوَ عَلَيَّ هَيِّنࣱۖ وَلِنَجۡعَلَهُۥٓ ءَايَةࣰ لِّلنَّاسِ وَرَحۡمَةࣰ مِّنَّاۚ وَكَانَ أَمۡرࣰ ا مَّقۡضِيࣰّ ا
(Malaikat Jibril) paring wangsulan, "Leres, mila mekaten, nanging Pangeran panjenengan sampun paring dhawuh, "Perkara anggoningsun maringi anak lanang marang maryam tanpa bapa, iku ingatase Ingsun gampang bae. KLang Ingsun damel kang koyo mangkono iku supaya dadi tandha yekti kuwasaningsun marang para manungsa dadi rakhmat saka ngarsaningsun. Lan perkara nitahake 'Isa iku perkara kang wis diputusake
Ayah 21۞فَحَمَلَتۡهُ فَٱنتَبَذَتۡ بِهِۦ مَكَانࣰ ا قَصِيࣰّ ا
(Malaikat Jibril banjur ndamoni Maryam), sanalika Maryam banjur bobot, sarta sawse mbobot iku, dheweke nuli nyingkir marang panggonan kang adoh
Ayah 22فَأَجَآءَهَا ٱلۡمَخَاضُ إِلَىٰ جِذۡعِ ٱلنَّخۡلَةِ قَالَتۡ يَٰلَيۡتَنِي مِتُّ قَبۡلَ هَٰذَا وَكُنتُ نَسۡيࣰ ا مَّنسِيࣰّ ا
Bareng wis tekan wancine nglahirake jabang bayi, Maryam nglarani, nuli lunga menyang sangisore wit kurma sarta banjur celathu, "Adhuh, bok ya aku mati sadurunge nglakoni lara lan wirang kang mengkene iku sarta muga - muga kahananku dilalekake lan ora disebut - sebut
Ayah 23فَنَادَىٰهَا مِن تَحۡتِهَآ أَلَّا تَحۡزَنِي قَدۡ جَعَلَ رَبُّكِ تَحۡتَكِ سَرِيࣰّ ا
Malaikat Jibril banjur mangsuli nguwuh - nguwuh ana ngisore Maryam, "He Maryam, panjenengan sampun sisah. Allah Pangeran panjenengan sapunika angawontenaken lepen ingkang mili wonten ngandhap panjenengan punika
Ayah 24وَهُزِّيٓ إِلَيۡكِ بِجِذۡعِ ٱلنَّخۡلَةِ تُسَٰقِطۡ عَلَيۡكِ رُطَبࣰ ا جَنِيࣰّ ا
Lan ugi angoyagna wit kurma ingkang panjenengan sendheni punika. Saking kersanipun Allah wit kurma ingkang sampun garing punika samangke dados ijem seger sarta medal wohipun sanalika kangge panjenengan
Ayah 25فَكُلِي وَٱشۡرَبِي وَقَرِّي عَيۡنࣰ اۖ فَإِمَّا تَرَيِنَّ مِنَ ٱلۡبَشَرِ أَحَدࣰ ا فَقُولِيٓ إِنِّي نَذَرۡتُ لِلرَّحۡمَٰنِ صَوۡمࣰ ا فَلَنۡ أُكَلِّمَ ٱلۡيَوۡمَ إِنسِيࣰّ ا
Samangke panjenengan kula aturi dhahar lan ngunjuk, sarta dipun tentremaken panggalih panjenengan. Menawi panjenengan kepanggih kaliyan tetiyang ingkang pitaken, supados kajawab, "Satemene Ingsun wis nadzar marang Pangeran Kang Maha Welas kalawan pasa, dina iki aku ora bakal guneman karo manungsa
Ayah 26فَأَتَتۡ بِهِۦ قَوۡمَهَا تَحۡمِلُهُۥۖ قَالُواْ يَٰمَرۡيَمُ لَقَدۡ جِئۡتِ شَيۡـࣰٔ ا فَرِيࣰّ ا
Maryam baeng wis rancag, waras lan resik, banjur bali marang panggonane para kaume kanthi mbopong putrane. Para kaume banjur padha nyruwe, pangucape, " He Maryam, yekti sira nglakone penggawe kang ngeram - eramake kang ora disenengi (yaiku peputra tanpa bapa)
Ayah 27يَٰٓأُخۡتَ هَٰرُونَ مَا كَانَ أَبُوكِ ٱمۡرَأَ سَوۡءࣲ وَمَا كَانَتۡ أُمُّكِ بَغِيࣰّ ا
He sedulure Harun (He wong wadon kang suci prasasat Nabi Harun)Ramamu kyai Imron iku dudu wong ala lan ibumu dudu wong wadon serong
Ayah 28فَأَشَارَتۡ إِلَيۡهِۖ قَالُواْ كَيۡفَ نُكَلِّمُ مَن كَانَ فِي ٱلۡمَهۡدِ صَبِيࣰّ ا
Siti Maryam nuli aweh isarah (sasmita) supaya padha takon marang bayi mau. Kaume nuli padha takon kapriye anggoningsun ngajak catur bayi kang ana ing bandulan
Ayah 29قَالَ إِنِّي عَبۡدُ ٱللَّهِ ءَاتَىٰنِيَ ٱلۡكِتَٰبَ وَجَعَلَنِي نَبِيࣰّ ا
Ing kono bayi (Isa) mau banjur mangsuli, "Saktemene ingsun iki kawulane Allah, ing tembe panjenengane Allah bakal maringi kitab (Injil) marang ingsun, sarta panjenengane bakal ngangkat ingsun kadadekake Nabi
Ayah 30وَجَعَلَنِي مُبَارَكًا أَيۡنَ مَا كُنتُ وَأَوۡصَٰنِي بِٱلصَّلَوٰةِ وَٱلزَّكَوٰةِ مَا دُمۡتُ حَيࣰّ ا
Lan ana ing ngendi wae panggonanku, Allah bakal amberkahi marang Ingsun maedahi marang manungsa, sarta aku wis didhawuhi sak jeroningsun isih urip kudu nindakake shalat lan aweh zakat
Ayah 31وَبَرَّۢا بِوَٰلِدَتِي وَلَمۡ يَجۡعَلۡنِي جَبَّارࣰ ا شَقِيࣰّ ا
Sarta Ingsun wis didhawuhi supaya bekti marang ibuningsun, Sarta panjenengane ora ngersakake ingsun wong kang gumedhe lan duraka
Ayah 32وَٱلسَّلَٰمُ عَلَيَّ يَوۡمَ وُلِدتُّ وَيَوۡمَ أَمُوتُ وَيَوۡمَ أُبۡعَثُ حَيࣰّ ا
Sarta ingsun diparingi keslametan ing dina ingsun dilahirake, lan ing dina ingsun mati sarta ing dina ingsun katangekake maneh
Ayah 33ذَٰلِكَ عِيسَى ٱبۡنُ مَرۡيَمَۖ قَوۡلَ ٱلۡحَقِّ ٱلَّذِي فِيهِ يَمۡتَرُونَ
Kang wis mengucap mangkono mau yaiku Isa putrane Maryam, kanti pangucap kang dianggep padudon deniing wong - wong mau. (Yaiku bab kahanane Isa)
Ayah 34مَا كَانَ لِلَّهِ أَن يَتَّخِذَ مِن وَلَدࣲۖ سُبۡحَٰنَهُۥٓۚ إِذَا قَضَىٰٓ أَمۡرࣰ ا فَإِنَّمَا يَقُولُ لَهُۥ كُن فَيَكُونُ
Ora pisan - pisan Allah mundhut putra, Maha Suci Allah sangka peputra. Dene menawa panjenengane ngersakake nitahake sawijining perkara, panjenengane dhawuh, "Kun" anaa sira, ing kono barang mau banjur ana
Ayah 35وَإِنَّ ٱللَّهَ رَبِّي وَرَبُّكُمۡ فَٱعۡبُدُوهُۚ هَٰذَا صِرَٰطࣱ مُّسۡتَقِيمࣱ
Lan saktemene panjenengane Allah Pangeraningsun lan Pangeranira. Awit saka iku sira padha manembaha marang panjenengane. Ya iki dalan kang bener
Ayah 36فَٱخۡتَلَفَ ٱلۡأَحۡزَابُ مِنۢ بَيۡنِهِمۡۖ فَوَيۡلࣱ لِّلَّذِينَ كَفَرُواْ مِن مَّشۡهَدِ يَوۡمٍ عَظِيمٍ
(Bareng Isa ngandiko mangkono) para manungsa (golongan nasrani) banjur pada sulaya panemune (Dadi telung golongan). Dene siksa neraka kang banget larane iku disediakake kanggo wong kang mungkir (kafir) anggone nekseni dina kang banget gedhene (dina Qiyamat)
Ayah 37أَسۡمِعۡ بِهِمۡ وَأَبۡصِرۡ يَوۡمَ يَأۡتُونَنَا لَٰكِنِ ٱلظَّٰلِمُونَ ٱلۡيَوۡمَ فِي ضَلَٰلࣲ مُّبِينࣲ
Anggumunake wong - wong mau, dene wus padha krungu sarta wis padha sumurup tanda yekti, padha ora percaya anane dina Qiyamat yaiku dina dheweke padha disowanake marang ngarsaningsun nanging wong - wong kang aniaya (kafir) ana ing dina iku tetep ana ing sasar kang nyata
Ayah 38وَأَنذِرۡهُمۡ يَوۡمَ ٱلۡحَسۡرَةِ إِذۡ قُضِيَ ٱلۡأَمۡرُ وَهُمۡ فِي غَفۡلَةࣲ وَهُمۡ لَا يُؤۡمِنُونَ
(Muhammad) sira ngelingna wong - wong kafir mau ing dina Hasraah (dina nalangsa dina Qiyamat) yaiku nalika kabeh perkara diputus dening Allah lan wong - wong mau ana ing donya padha lali ora padha percaya marang Allah
Ayah 39إِنَّا نَحۡنُ نَرِثُ ٱلۡأَرۡضَ وَمَنۡ عَلَيۡهَا وَإِلَيۡنَا يُرۡجَعُونَ
Saktemene Ingusn bakal nampa warise bumi (dalah wong sak isine bumi kabeh) lan mung marang ngarsaningsun piyambak wong - wong mau bakal disowanake
Ayah 40وَٱذۡكُرۡ فِي ٱلۡكِتَٰبِ إِبۡرَٰهِيمَۚ إِنَّهُۥ كَانَ صِدِّيقࣰ ا نَّبِيًّا
Muhammad sira nyritakna critane Ibrahim ana ing sajroning al-Qur'an. Saktemene Ibrahim iku wong kang temen lan dadi nabi
Ayah 41إِذۡ قَالَ لِأَبِيهِ يَٰٓأَبَتِ لِمَ تَعۡبُدُ مَا لَا يَسۡمَعُ وَلَا يُبۡصِرُ وَلَا يُغۡنِي عَنكَ شَيۡـࣰٔ ا
Yaiku critane Ibrahim nalika matur marang bapakne, "Dhuh rama kenging punapa panjenengan teka manembah brahala ingkang mboten mireng lan mirsani, sarta mboten saget ngalang - alangi siksane Allah saking panjenengan
Ayah 42يَٰٓأَبَتِ إِنِّي قَدۡ جَآءَنِي مِنَ ٱلۡعِلۡمِ مَا لَمۡ يَأۡتِكَ فَٱتَّبِعۡنِيٓ أَهۡدِكَ صِرَٰطࣰ ا سَوِيࣰّ ا
Dhuh rama sajatosipun kula sampun kaparingan ngilmu (kabatisan sarta syariat) ingkang dereng nate kaparingaken dateng panjenengan. Awit saking punika mugi - mugi panjenengan manut ing kula, kula badhe nedahaken margi ingkang leres
Ayah 43يَٰٓأَبَتِ لَا تَعۡبُدِ ٱلشَّيۡطَٰنَۖ إِنَّ ٱلشَّيۡطَٰنَ كَانَ لِلرَّحۡمَٰنِ عَصِيࣰّ ا
Dhuh rama, panjenengan sampun pisan - pisan manembah dhateng syetan, jalaran sejatosipun syetan punika duraka dhateng Pangeran ingkang Maha Welas
Ayah 44يَٰٓأَبَتِ إِنِّيٓ أَخَافُ أَن يَمَسَّكَ عَذَابࣱ مِّنَ ٱلرَّحۡمَٰنِ فَتَكُونَ لِلشَّيۡطَٰنِ وَلِيࣰّ ا
Dhuh rama sejatosipun kula ajrih menawi panjenengan kapatrapan siksa saking pangeran kang Maha Welas, lajeng panjenengan dados kekasih saking Pangeran kang maha Welas, lajeng panjenengan dados kekasihipun syetan
Ayah 45قَالَ أَرَاغِبٌ أَنتَ عَنۡ ءَالِهَتِي يَٰٓإِبۡرَٰهِيمُۖ لَئِن لَّمۡ تَنتَهِ لَأَرۡجُمَنَّكَۖ وَٱهۡجُرۡنِي مَلِيࣰّ ا
Ramane Ibrahim mangsuli, "He Ibrahim, yogene gething marang brahala sesembahanku. Menawa kowe ora gelem mareni, yekti Ingsun ranjam, lan nyingkira saka aku saklawase urip
Ayah 46قَالَ سَلَٰمٌ عَلَيۡكَۖ سَأَسۡتَغۡفِرُ لَكَ رَبِّيٓۖ إِنَّهُۥ كَانَ بِي حَفِيࣰّ ا
Ibrahim banjur matur maneh, "Kawilujengan mugi tetep ing panjenegan. (Panjenengan badhe kula suwunaken ing Allah pangeran kula mugi - mugi panjenegan dipun tedahna dhateng agami Islam) saha kula badhe nyuwunaken pangapunten dhateng pangeran kula kangge panjenengan, sejatosipun panjenengane Allah sae (welas asih) dhateng kula
Ayah 47وَأَعۡتَزِلُكُمۡ وَمَا تَدۡعُونَ مِن دُونِ ٱللَّهِ وَأَدۡعُواْ رَبِّي عَسَىٰٓ أَلَّآ أَكُونَ بِدُعَآءِ رَبِّي شَقِيࣰّ ا
(Ibrahim ngendika marang kaume:) "Lan ingsun bakal sumingkir saka sira kabeh lan saka barang kang padha sira sembah sakliyane Allah, lan ingsun bakal manembah marang Pangeraningsun, muga - muga kanthi panembah ingsun marang pangeran iku, ingsun ora dadi wong kang cilaka
Ayah 48فَلَمَّا ٱعۡتَزَلَهُمۡ وَمَا يَعۡبُدُونَ مِن دُونِ ٱللَّهِ وَهَبۡنَا لَهُۥٓ إِسۡحَٰقَ وَيَعۡقُوبَۖ وَكُلࣰّ ا جَعَلۡنَا نَبِيࣰّ ا
Bareng Ibrahim wis sumingkir sangka wong - wong mau lan saka sesembahan sak liyane Allah, dheweke nuli ingsun paringi anak, yaiku ishaq lan Ya'kub, sarta sak klorone iku ingsun angkat dadi nabi
Ayah 49وَوَهَبۡنَا لَهُم مِّن رَّحۡمَتِنَا وَجَعَلۡنَا لَهُمۡ لِسَانَ صِدۡقٍ عَلِيࣰّ ا
Lan ingsun paring marang dheweke (marang putra wayahe Ibrahim) saka rohmat ingsun, sarta ingsun dadekake dadi wong - wong kang pinuji lan becik sarta diluhurake (ana ing antarane ahli agama)
Ayah 50وَٱذۡكُرۡ فِي ٱلۡكِتَٰبِ مُوسَىٰٓۚ إِنَّهُۥ كَانَ مُخۡلَصࣰ ا وَكَانَ رَسُولࣰ ا نَّبِيࣰّ ا
(Muhammad) nyritakna critane Musa ana ing kitab Qur'an. Saktemene dheweke iku sawijining wong kang tulus lan resik ati, lan dheweke iku dadi rosul lan dadi nabi
Ayah 51وَنَٰدَيۡنَٰهُ مِن جَانِبِ ٱلطُّورِ ٱلۡأَيۡمَنِ وَقَرَّبۡنَٰهُ نَجِيࣰّ ا
Lan ingsun nimbali dheweke Musa saka gunung Tursina (gunung Sinai) kang ana ing sisih tengen (nalika Musa mlaku saka Madyan) sarta ingsun cedhakake, ingsun paringake timbal pangandika karo Ingsun
Ayah 52وَوَهَبۡنَا لَهُۥ مِن رَّحۡمَتِنَآ أَخَاهُ هَٰرُونَ نَبِيࣰّ ا
Lan ingsun wis paring marang Musa saka asih ingsun (minangka dadi pembantune), yaiku sedulure Harun uga kadadekake nabi
Ayah 53وَٱذۡكُرۡ فِي ٱلۡكِتَٰبِ إِسۡمَٰعِيلَۚ إِنَّهُۥ كَانَ صَادِقَ ٱلۡوَعۡدِ وَكَانَ رَسُولࣰ ا نَّبِيࣰّ ا
(Muhammad) nyritakna critane 'Ismail ana ing kitab Qur'an. Saktemene dheweke iku wong kang setia tuhu ing janji, lan dheweke iku dadi Rosul lan dadi Nabi
Ayah 54وَكَانَ يَأۡمُرُ أَهۡلَهُۥ بِٱلصَّلَوٰةِ وَٱلزَّكَوٰةِ وَكَانَ عِندَ رَبِّهِۦ مَرۡضِيࣰّ ا
Lan Ismail dhawuh marang para ahline supaya padha nindakake sholat lan ngetokake zakat, lan dheweke iku diriloi ana ing ngersane Pangeran
Ayah 55وَٱذۡكُرۡ فِي ٱلۡكِتَٰبِ إِدۡرِيسَۚ إِنَّهُۥ كَانَ صِدِّيقࣰ ا نَّبِيࣰّ ا
Muhammad nyritakna critane Idris ana ing kitab al-Qur'an. Saktemene dheweke iku sawijining wong kang temen dadi nabi
Ayah 56وَرَفَعۡنَٰهُ مَكَانًا عَلِيًّا
Lan Ingsun wis ngluhurake dheweke (Idris) ana ing panggonan kang mulya
Ayah 57أُوْلَٰٓئِكَ ٱلَّذِينَ أَنۡعَمَ ٱللَّهُ عَلَيۡهِم مِّنَ ٱلنَّبِيِّـۧنَ مِن ذُرِّيَّةِ ءَادَمَ وَمِمَّنۡ حَمَلۡنَا مَعَ نُوحࣲ وَمِن ذُرِّيَّةِ إِبۡرَٰهِيمَ وَإِسۡرَٰٓءِيلَ وَمِمَّنۡ هَدَيۡنَا وَٱجۡتَبَيۡنَآۚ إِذَا تُتۡلَىٰ عَلَيۡهِمۡ ءَايَٰتُ ٱلرَّحۡمَٰنِ خَرُّواْۤ سُجَّدࣰ اۤ وَبُكِيࣰّ ا۩
Kabeh para nabi kang wis kasebut mau kang wis diparingi kanikmatan dening Allah saka golongane nabi - nabi, saka anak turune Adam lan anak turune wong - wong kang ingsun tunggangake prau bareng karo Nuh, lan saka anak turune Ibrahim lan Israil (Ya'kub) lan saka anak turune wong kang wis ingsun paringi pituduh sarta ingsu pilih. Menawa dheweke iku diwacakake ayat - ayate Pangeran kang Maha Welas, wong - wong mau pada sungkem sujud sarta nangis jalaran saka konjeme
Ayah 58۞فَخَلَفَ مِنۢ بَعۡدِهِمۡ خَلۡفٌ أَضَاعُواْ ٱلصَّلَوٰةَ وَٱتَّبَعُواْ ٱلشَّهَوَٰتِۖ فَسَوۡفَ يَلۡقَوۡنَ غَيًّا
Sak pungkure para nabi lan kaum - kaum kang padha becik tumuli ketungka para kaum (Yahudi) kang padha ninggalake sholat sarta mung manut marang kasenengane dhewe. Yekti dheweke bakal padha nemoni piwales jalaran kalacutane
Ayah 59إِلَّا مَن تَابَ وَءَامَنَ وَعَمِلَ صَٰلِحࣰ ا فَأُوْلَٰٓئِكَ يَدۡخُلُونَ ٱلۡجَنَّةَ وَلَا يُظۡلَمُونَ شَيۡـࣰٔ ا
Kajaba wong kang banjur padha tobat lan percaya sarta nindakake kabecikan, wong kang mengkono mau ing tembe bakal mlebu suwarga lan ora dikaniaya sethithik - thithika
Ayah 60جَنَّٰتِ عَدۡنٍ ٱلَّتِي وَعَدَ ٱلرَّحۡمَٰنُ عِبَادَهُۥ بِٱلۡغَيۡبِۚ إِنَّهُۥ كَانَ وَعۡدُهُۥ مَأۡتِيࣰّ ا
Yaiku swarga 'Adn panggonan tetep langgeng kang wis dijanjekake dening Pangeran Kang Maha Welas marang kawulane kanthi ghoib. Saktemene janjine Allah iku mesthi teka
Ayah 61لَّا يَسۡمَعُونَ فِيهَا لَغۡوًا إِلَّا سَلَٰمࣰ اۖ وَلَهُمۡ رِزۡقُهُمۡ فِيهَا بُكۡرَةࣰ وَعَشِيࣰّ ا
Wong - wong mu'min kang ana ing suwarga ora padha krungu suwara lacut (kang ora nyenengake) kajaba mung keslametan, lan ana ing kono bakal kaparingan rejeki saben esuk lan sore
Ayah 62تِلۡكَ ٱلۡجَنَّةُ ٱلَّتِي نُورِثُ مِنۡ عِبَادِنَا مَن كَانَ تَقِيࣰّ ا
Swarga iku ingsun warisake (cawisake) marang kawulaningsung kang wedi marang Allah
Ayah 63وَمَا نَتَنَزَّلُ إِلَّا بِأَمۡرِ رَبِّكَۖ لَهُۥ مَا بَيۡنَ أَيۡدِينَا وَمَا خَلۡفَنَا وَمَا بَيۡنَ ذَٰلِكَۚ وَمَا كَانَ رَبُّكَ نَسِيࣰّ ا
(Malaikat Jibril matur marang Nabi Muhammad), "Anggen kula tumurun dhateng ing donya sowan ing panjenengan punika, mboten sanes saking dhawuhing pangeran panjenengan. Allah punika ngawuningani (kagungan) sedaya barang ingkang badhe kelampahan (ingkang wonten ngajeng kula) lan ingkang sampun kelampahan (ingkang wonten wingking kula) sarta ingkang wonten ing antawasipin punika. Dene Pangeran panjenengan punika mboten badhe nyupekaken dhateng kawulaningpun
Ayah 64رَّبُّ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ وَمَا بَيۡنَهُمَا فَٱعۡبُدۡهُ وَٱصۡطَبِرۡ لِعِبَٰدَتِهِۦۚ هَلۡ تَعۡلَمُ لَهُۥ سَمِيࣰّ ا
Inggin panjenenganipun punika Pangeraning langit lan bumi sarta sedaya ingkang wonten saantawisipun. awit saking punika panjenengan mugi manembah dhateng Panjenenganipun lan mugi dipun sabarna (mantepna) anggen panjenengan ngibadah dhateng Allah. Punapa panjenengan pirsa bilih sanesipun Allah ngangge nama Allah
Ayah 65وَيَقُولُ ٱلۡإِنسَٰنُ أَءِذَا مَا مِتُّ لَسَوۡفَ أُخۡرَجُ حَيًّا
(Allah) ngendika, "(Muhammad) wong kafir kang ora percaya bakal tangi saka kubur padha ngucap, "Punapa menawi kula sampun pejah, yektos badhe dipun wedalaken malih
Ayah 66أَوَلَا يَذۡكُرُ ٱلۡإِنسَٰنُ أَنَّا خَلَقۡنَٰهُ مِن قَبۡلُ وَلَمۡ يَكُ شَيۡـࣰٔ ا
Apa para manungsa (kafir) mau ora eling (ora rumangsa, menawa ingsun wis nitahake dheweke sekawit, lan dheweke iku asale dudu apa - apa)
Ayah 67فَوَرَبِّكَ لَنَحۡشُرَنَّهُمۡ وَٱلشَّيَٰطِينَ ثُمَّ لَنُحۡضِرَنَّهُمۡ حَوۡلَ جَهَنَّمَ جِثِيࣰّ ا
Demi pangeranira (Muhammad) temen ingsun bakal nangekake (ngumpulake) wong - wong kafir mau lan para syetan - syetane. Ingsun banjur nekakake kabeh wong - wong mau ana ing sakkiwa tengen neraka jahannam kanthi padha mbrangkang
Ayah 68ثُمَّ لَنَنزِعَنَّ مِن كُلِّ شِيعَةٍ أَيُّهُمۡ أَشَدُّ عَلَى ٱلرَّحۡمَٰنِ عِتِيࣰّ ا
Ingsun banjur milih sangka saben - saben golongan, endi kang luwih gedhe dosane marang pangeran kang Maha welas
Ayah 69ثُمَّ لَنَحۡنُ أَعۡلَمُ بِٱلَّذِينَ هُمۡ أَوۡلَىٰ بِهَا صِلِيࣰّ ا
Ingsun banjur luwih mungingani marang wong - wong kang luwih banget lan patut dicemplungake ana neraka jahanam
Ayah 70وَإِن مِّنكُمۡ إِلَّا وَارِدُهَاۚ كَانَ عَلَىٰ رَبِّكَ حَتۡمࣰ ا مَّقۡضِيࣰّ ا
Lan oara ana siji - sijia sangka sira (kang duwe dosa), kajaba teka marang neraka jahanam. Dene anggone ditekake marang neraka jahanam iku minangka ukuman kang wis katemtokake dening pangeranira
Ayah 71ثُمَّ نُنَجِّي ٱلَّذِينَ ٱتَّقَواْ وَّنَذَرُ ٱلظَّٰلِمِينَ فِيهَا جِثِيࣰّ ا
(Skawise teka ing neraka) ingsun banjur nylametake wong - wong kang padha taqwa sarta ingsun ninggalake wong - wong kang padha aniaya langgeng ana ing neraka jahannam
Ayah 72وَإِذَا تُتۡلَىٰ عَلَيۡهِمۡ ءَايَٰتُنَا بَيِّنَٰتࣲ قَالَ ٱلَّذِينَ كَفَرُواْ لِلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ أَيُّ ٱلۡفَرِيقَيۡنِ خَيۡرࣱ مَّقَامࣰ ا وَأَحۡسَنُ نَدِيࣰّ ا
Lan nalika para manungsa iku padha diwacakake ayat - ayatingsung kang cetha, wong - wong kafir padha ngucap marang wong kang iman, "Endi antarane rong golongan (ahli agama) iki kang luwih pangkate lan luwih becik panggonane
Ayah 73وَكَمۡ أَهۡلَكۡنَا قَبۡلَهُم مِّن قَرۡنٍ هُمۡ أَحۡسَنُ أَثَٰثࣰ ا وَرِءۡيࣰ ا
(Pangandikane Allah mangkene), Biyen sak durunge wong kafir iku, pira wae kehe wong kang ingsun tumpes kanthi siksa, tur padha sugih bandha, omahe becik - becik ujude lan tandange bregas - bregas, dideleng andemenakake
Ayah 74قُلۡ مَن كَانَ فِي ٱلضَّلَٰلَةِ فَلۡيَمۡدُدۡ لَهُ ٱلرَّحۡمَٰنُ مَدًّاۚ حَتَّىٰٓ إِذَا رَأَوۡاْ مَا يُوعَدُونَ إِمَّا ٱلۡعَذَابَ وَإِمَّا ٱلسَّاعَةَ فَسَيَعۡلَمُونَ مَنۡ هُوَ شَرࣱّ مَّكَانࣰ ا وَأَضۡعَفُ جُندࣰ ا
(Muhammad)dhawuha marang wong - wong kafir, "Sing sapa ana ing sakjeroning sasar yekti pangeran kang maha welas andawake umure (karoben suwe anggone sasar) nganti menawa padha weruh kang dijanjekake marang dheweke padha uga bab siksa utawa dina Qiyamat, yekti dheweke padha mangerti sapa kang luwih ala panggonane lan luwih apes balane
Ayah 75وَيَزِيدُ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ ٱهۡتَدَوۡاْ هُدࣰ ىۗ وَٱلۡبَٰقِيَٰتُ ٱلصَّٰلِحَٰتُ خَيۡرٌ عِندَ رَبِّكَ ثَوَابࣰ ا وَخَيۡرࣱ مَّرَدًّا
Lan panjenengane ALlah bakal nambahi pitedah marang wong - wong kang padha nampa pituduh. Dene kabeh amal kebecikan iku mungguhe pangeranira luwih becik ganjarane lan luwih becik wekasane
Ayah 76أَفَرَءَيۡتَ ٱلَّذِي كَفَرَ بِـَٔايَٰتِنَا وَقَالَ لَأُوتَيَنَّ مَالࣰ ا وَوَلَدًا
(Muhammad) nerangna critane wong kang kafir marang ayat - ayate ingsun, lan dheweke padha ngucap, "Yekti menawa perkara kang disebut - sebut dening Muhammad ing kaherat iku bener temen ing kono aku bakal kaparingan bandha lan anak
Ayah 77أَطَّلَعَ ٱلۡغَيۡبَ أَمِ ٱتَّخَذَ عِندَ ٱلرَّحۡمَٰنِ عَهۡدࣰ ا
Apa dheweke wis sumurup perkara ghoib, utawa dheweke wis gawe perjanjian marang pangeran kang maha welas
Ayah 78كَلَّاۚ سَنَكۡتُبُ مَا يَقُولُ وَنَمُدُّ لَهُۥ مِنَ ٱلۡعَذَابِ مَدࣰّ ا
Babar pisa ora, Ingsun bakal nulis apa kang diucapake (ing tembe ingsun kanggo melehake) sarta ingsun bakal nambahi siksa marang dheweke
Ayah 79وَنَرِثُهُۥ مَا يَقُولُ وَيَأۡتِينَا فَرۡدࣰ ا
Lan ingsun bakal maris apa kang diucapake dening dheweke lan bakal sowan marang ngarsaningsun ijen (tanpa anak tanpa bondha tanpa kanca)
Ayah 80وَٱتَّخَذُواْ مِن دُونِ ٱللَّهِ ءَالِهَةࣰ لِّيَكُونُواْ لَهُمۡ عِزࣰّ ا
Lan wong - wong kafir mau padha ngalap pangeran sakliyane ALlah kang pamrihe supaya ngalang - alangi dheweke saka siksa
Ayah 81كَلَّاۚ سَيَكۡفُرُونَ بِعِبَادَتِهِمۡ وَيَكُونُونَ عَلَيۡهِمۡ ضِدًّا
Babar pisa ora bisa. Brahala sembahan iku bakal mungkiri ing pangibadahe wong - wong musyrik mau, lan ana ing akherat bakal dadi satru
Ayah 82أَلَمۡ تَرَ أَنَّآ أَرۡسَلۡنَا ٱلشَّيَٰطِينَ عَلَى ٱلۡكَٰفِرِينَ تَؤُزُّهُمۡ أَزࣰّ ا
Apa sira durung sumuru, menawa saktemen ingsun wis ngutus syetan - syetan marang wong kang padha kafir kang perlune godha lan anjlomprongake marang wong - wong kafir mau
Ayah 83فَلَا تَعۡجَلۡ عَلَيۡهِمۡۖ إِنَّمَا نَعُدُّ لَهُمۡ عَدࣰّ ا
Awit saka iku sira aja nyuwun enggal - enggal dheweke kapatrapan siksa satemene wis ngetung - etung marang wong - wong mau (nganti tumeka mangsa kang katemtokake kanggo nyiksa)
Ayah 84يَوۡمَ نَحۡشُرُ ٱلۡمُتَّقِينَ إِلَى ٱلرَّحۡمَٰنِ وَفۡدࣰ ا
(He Muhammad) sira nyritakna bab dina QIyamat yaiku dinane ingsun ngumpulake wong - wong kang padha taqwa padha sowan marang ngarsaning pangeran kang maha welas
Ayah 85وَنَسُوقُ ٱلۡمُجۡرِمِينَ إِلَىٰ جَهَنَّمَ وِرۡدࣰ ا
Lan ingsun giring wong - wong kang padha dosa mau marang neraka jahanam kanthi mlaku darat lan banget ngelake
Ayah 86لَّا يَمۡلِكُونَ ٱلشَّفَٰعَةَ إِلَّا مَنِ ٱتَّخَذَ عِندَ ٱلرَّحۡمَٰنِ عَهۡدࣰ ا
Ing dina iku wong mau padha ora duweni pitulungan, kajaba wong kang duwe perjanjian ana ing ngersane pangeran kang maha welas
Ayah 87وَقَالُواْ ٱتَّخَذَ ٱلرَّحۡمَٰنُ وَلَدࣰ ا
Lan wong - wong kafir mau pdha ngucap, "Allah kang maha murah iku peputra
Ayah 88لَّقَدۡ جِئۡتُمۡ شَيۡـًٔا إِدࣰّ ا
Yekti saktemene sira kabeh wis nekakake perkara kang kotor temenan
Ayah 89تَكَادُ ٱلسَّمَٰوَٰتُ يَتَفَطَّرۡنَ مِنۡهُ وَتَنشَقُّ ٱلۡأَرۡضُ وَتَخِرُّ ٱلۡجِبَالُ هَدًّا
Meh bae pangucapmu iku ngigarake langit lan abengkahake bumi sarta angrubuhake gunung saka dedukaning Allah
Ayah 90أَن دَعَوۡاْ لِلرَّحۡمَٰنِ وَلَدࣰ ا
AMarga dheweke padha ngarani menawa Pangeran kang Maha murah iku peputra
Ayah 91وَمَا يَنۢبَغِي لِلرَّحۡمَٰنِ أَن يَتَّخِذَ وَلَدًا
Ora pantes babar pisan menawa pangeran kang maha welas iku mundhut putra
Ayah 92إِن كُلُّ مَن فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِ إِلَّآ ءَاتِي ٱلرَّحۡمَٰنِ عَبۡدࣰ ا
Ora ana barang kang kumelit ana ing langit lan bumi, kajaba padha siwan marang ngarsaning Pangeran kang maha welas nganti temen - temen ngaku anggone dadi kawula
Ayah 93لَّقَدۡ أَحۡصَىٰهُمۡ وَعَدَّهُمۡ عَدࣰّ ا
Saktemene panjenengane wis nguningani cacahe manungsa kabeh, sarta wis ngetung marang siji - sijine wong sarta ala becike
Ayah 94وَكُلُّهُمۡ ءَاتِيهِ يَوۡمَ ٱلۡقِيَٰمَةِ فَرۡدًا
Mbesuk ing dina Qiyamat kabeh wong padha sowan marang ngarsaning Allah ijen tanpa bandha tanpa anak tanpa kanca
Ayah 95إِنَّ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّٰلِحَٰتِ سَيَجۡعَلُ لَهُمُ ٱلرَّحۡمَٰنُ وُدࣰّ ا
(Pangandikaning Allah) saktemene wong - wong kang padha iman lan nindakake kebecikan yekti pangeran kang Maha welas bakal andadekake wong - wong mau kang kinasih
Ayah 96فَإِنَّمَا يَسَّرۡنَٰهُ بِلِسَانِكَ لِتُبَشِّرَ بِهِ ٱلۡمُتَّقِينَ وَتُنذِرَ بِهِۦ قَوۡمࣰ ا لُّدࣰّ ا
Saktemene ingsun wis gampangake kitab al-Qur'an iki kawoca dening lisanira, supaya sira bebungah marang won g- wong kang taqwa kanthi kitab al-Qur'an marang wong - wong kang banget anggone madoni iya kanthi al-Qur'an iki
Ayah 97وَكَمۡ أَهۡلَكۡنَا قَبۡلَهُم مِّن قَرۡنٍ هَلۡ تُحِسُّ مِنۡهُم مِّنۡ أَحَدٍ أَوۡ تَسۡمَعُ لَهُمۡ رِكۡزَۢا
Lan wis pira kehe anggoningsun ngrusak kaum - kaum sakdurungira saka umat - umat kang kepungkur. Apa sira isih nemu salah sijining wong - wong mau, utawa apa sira krungu suwara lamat - lamat sakwise dirusak, wong - wong mau
Ayah 98