Surat At-Tin — The Fig

Surat At-Tin (The Fig) — 95/114 · 8 ayat. Waca lan rungokake nganggo teks Arab lan terjemahan basa Jawa.

وَٱلتِّينِ وَٱلزَّيۡتُونِ

Dhemi woh Tiin, lan woh zaitun

Ayah 1

وَطُورِ سِينِينَ

Dhemi gunung Thursina

Ayah 2

وَهَٰذَا ٱلۡبَلَدِ ٱلۡأَمِينِ

Dhemi negara (Mekkah) kang tata tentrem

Ayah 3

لَقَدۡ خَلَقۡنَا ٱلۡإِنسَٰنَ فِيٓ أَحۡسَنِ تَقۡوِيمࣲ‏

Temen Ingsun wis gawe manungsa ing dalem becik - becikeing dumadi

Ayah 4

ثُمَّ رَدَدۡنَٰهُ أَسۡفَلَ سَٰفِلِينَ

Banjur Ingsun balekake dadi asoring asor

Ayah 5

إِلَّا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ وَعَمِلُواْ ٱلصَّٰلِحَٰتِ فَلَهُمۡ أَجۡرٌ غَيۡرُ مَمۡنُونࣲ‏

Kejaba kang padha angestu lan anindakake panggawe becik iku padha oleh ganjarang kang tanpa pedhot

Ayah 6

فَمَا يُكَذِّبُكَ بَعۡدُ بِٱلدِّينِ

Lan sawise mengkono sapa kang bisa maido marang sira prakara putusan

Ayah 7

أَلَيۡسَ ٱللَّهُ بِأَحۡكَمِ ٱلۡحَٰكِمِينَ

Apa Allah iku dudu becik - becike juru hukum

Ayah 8