Surat Al-A'laa — The Most High

Surat Al-A'laa (The Most High) — 87/114 · 19 ayat. Waca lan rungokake nganggo teks Arab lan terjemahan basa Jawa.

سَبِّحِ ٱسۡمَ رَبِّكَ ٱلۡأَعۡلَى

Nyebuta Maha Suci tumrap asmane Allah Pangeranira kang Maha Luhur

Ayah 1

ٱلَّذِي خَلَقَ فَسَوَّىٰ

Kang wis gawe samu barang kelawan prayoga

Ayah 2

وَٱلَّذِي قَدَّرَ فَهَدَىٰ

Lan mesthi kahanane samu barang mau ala lan becik atas kersane pribadi nuli nuduhake barang kang amrih becik

Ayah 3

وَٱلَّذِيٓ أَخۡرَجَ ٱلۡمَرۡعَىٰ

Lan kang angetokake thethukulan

Ayah 4

فَجَعَلَهُۥ غُثَآءً أَحۡوَىٰ

Sawuse ijo dikersakake garing warnane abang semu kuning

Ayah 5

سَنُقۡرِئُكَ فَلَا تَنسَىٰٓ

Ingsun bakal mulang Qur'an maran sira (Muhammad) lan sira ora bakal lali

Ayah 6

إِلَّا مَا شَآءَ ٱللَّهُۚ إِنَّهُۥ يَعۡلَمُ ٱلۡجَهۡرَ وَمَا يَخۡفَىٰ

Kajaba barang kang dikersaake Allah, satemene Allah iku nguningani panggawe lan pangucap nyata lan samar - samar

Ayah 7

وَنُيَسِّرُكَ لِلۡيُسۡرَىٰ

Lan Ingsun nulungi sira anglakoni dalan kang gampang

Ayah 8

فَذَكِّرۡ إِن نَّفَعَتِ ٱلذِّكۡرَىٰ

Mulane aweha pepeling, satemene pepeling iku migunani

Ayah 9

سَيَذَّكَّرُ مَن يَخۡشَىٰ

Sapa sing wedi ing Allah, bakal ngestokake pepeling

Ayah 10

وَيَتَجَنَّبُهَا ٱلۡأَشۡقَى

Dene wong kang cilaka bakal angedohi

Ayah 11

ٱلَّذِي يَصۡلَى ٱلنَّارَ ٱلۡكُبۡرَىٰ

Yaiku kang bakal nyemplung geni gedhe

Ayah 12

ثُمَّ لَا يَمُوتُ فِيهَا وَلَا يَحۡيَىٰ

Ana ing kana banjur ora mati lan ora urip

Ayah 13

قَدۡ أَفۡلَحَ مَن تَزَكَّىٰ

Sayekti bakal begja sapa sing anuceni dhirine

Ayah 14

وَذَكَرَ ٱسۡمَ رَبِّهِۦ فَصَلَّىٰ

WOng mau nyebut asmaning Allah pangerane lan anglakoni sholat

Ayah 15

بَلۡ تُؤۡثِرُونَ ٱلۡحَيَوٰةَ ٱلدُّنۡيَا

Nanging sira padha milih kauripan dunya

Ayah 16

وَٱلۡأٓخِرَةُ خَيۡرࣱ وَأَبۡقَىٰٓ

Kabegjan ing akherat iku luwih becik tur langgeng (ngungkuli kabungahan dunya)

Ayah 17

إِنَّ هَٰذَا لَفِي ٱلصُّحُفِ ٱلۡأُولَىٰ

Wewulang sing wis kasebut mau, uga kasebut ana ing Kitab kang kuna - kuna

Ayah 18

صُحُفِ إِبۡرَٰهِيمَ وَمُوسَىٰ

Kitabe(Shuhuf) Ibrahim lan Kitabe (Shuhuf) Musa

Ayah 19