Surat At-Takaathur — Competition

Surat At-Takaathur (Competition) — 102/114 · 8 ayat. Waca lan rungokake nganggo teks Arab lan terjemahan basa Jawa.

أَلۡهَىٰكُمُ ٱلتَّكَاثُرُ

Sumugih iku nglalekake anggonira ngabekti ing Allah

Ayah 1

حَتَّىٰ زُرۡتُمُ ٱلۡمَقَابِرَ

Nganti tekan anggonira ngalih marang kubur

Ayah 2

كَلَّا سَوۡفَ تَعۡلَمُونَ

Anggonira sumugih iku luput, ing tembe sira mesthi weruh nyatane

Ayah 3

ثُمَّ كَلَّا سَوۡفَ تَعۡلَمُونَ

Luput temenan panemu ira, ing tembe sira weruh temenan nyatane

Ayah 4

كَلَّا لَوۡ تَعۡلَمُونَ عِلۡمَ ٱلۡيَقِينِ

Temen, menawa sira weruh ilmu kang nyata mesthi ora lali ngabekti ing Allah

Ayah 5

لَتَرَوُنَّ ٱلۡجَحِيمَ

Ing tembe sira mesthi andeleng neraka jahim

Ayah 6

ثُمَّ لَتَرَوُنَّهَا عَيۡنَ ٱلۡيَقِينِ

Handeleng kelawan kasat mata

Ayah 7

ثُمَّ لَتُسۡـَٔلُنَّ يَوۡمَئِذٍ عَنِ ٱلنَّعِيمِ

Sira banjur didangu sarupaning kabungahan paparinging Allah nalika ing donya, ya gene ora padha syukur

Ayah 8